silahkan kalian buka halaman ini
SYI'IRAN VERSI GUSDUR
Jumat, 05 Februari 2021
Rabu, 09 Oktober 2019
Selasa, 01 Oktober 2019
Selasa, 09 April 2019
syi'iran versi gusdur
Ya Rosulallah, salamun 'alaik
Ya rofii'asysyaani waddaroji 'Athfata yaa jiirotal'alami Ya uhailaljuudi walkaromi
Ngawiti ingsun nglara syi'iran Kelawan muji marang Pengeran Kang paring rahmat lan kenikmatan Rino wengi tanpo pitungan
Duh poro konco priyo wanito Ojo mung ngaji syari'at bloko Gur pinter dongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Qur'an Haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dhewe gak digatekke Yen iseh kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare dunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo ngelalek ake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ngelmune Laku thoriqot lan ma'rifate Ugo hakeqot manjing rasane
Al Qur'an Qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangane guru waskito Den tancepake ing njero dodo
Gumantil ati lan pikiran Rasuking padang kabeh jerohan Mukjizat rasul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang Maha Suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe anyem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas-pasan Kabeh tinakdir sangking Pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo ngesiyo Iku sunnahe rasul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto dhohire ananging mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah suwargo manggone Utuh mayite ugo ulese
Kata mutiara : Goresan tinta para ulama lebih utama, dibanding tetesan darah
Langganan:
Postingan (Atom)